Pengertian Tembang Macapat

0
Tembang macapat utawa sing akrab disebut mocopat yaiku salah suwijining tembang asli Jawa kang nduweni sawenehing aturan khusus. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.

Pengertian Tembang Macapat

Pengertian Tembang Macapat

Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud yaiku macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.
Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lanPucung. Saben metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).
Tembang macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak dhewe-dhewe, yaiku :
No
Jinise Tembang
Paugeran
Watak
1.
Pucung
12u, 6a, 8i, 12a
Kendho tanpa greget saut kanggo ing carita kang sajak mung sakepenake, tanpa kamempengan.
2.
Maskumambang
12i, 6a, 8i, 8a
Nelangsa, kanggo medharake rasa pangrasa kang ngeres, nggreges, nalangsa karanta-ranta
3.
Gambuh
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Rumaket, kulina, kanggo medharake pitutur kang rada sereng merga wis keduga, lumrahe nganggo basa ngoko, basane wong kang wis kulina raket sesrawungane.
4.
Megatruh
12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Sedhih kingkin kaworan nglokro, kanggo medharake rasa gegetun pungun-pungun, nelangsa karanta-ranta.
5.
Kinanthi
8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Seneng, tresna, lan asih, kanggo medharake piwulang carita kang ngemu rasa asmara, gandrung-gandrung.
6.
Asmaradana
8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a
Sedhih, sengsem, prihatin marga ketaman ing rasa asmara, kanggo ing carita kang medharake asmara.
7.
Mijil
10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Wetuning rasa, kanggo medharake pitutur, uga kena kanggo carita gandrungan.
8.
Pangkur
8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Sereng, kanggo ing carita kang ngemu surasa sereng.
9.
Durma
12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7a
Galak, muntab, kanggo medharake rasaning ati kang nepsu utawa kanggo ing carita perang.
10.
Sinom
8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Grapyak, renyah, kanggo sesorah, mituturi.
11.
Dhandanggula
10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i, 7a
Luwes, resep, lumrahe kanggo bebuka, medharake piwulang, gandrungan, lan kanggo panutuping karangan kang sinawung ing tembang.
 (Padmosoekotjo, 1953:12)
           Tembang macapat kasebut bisa digunakake minangka wakil saka rasa pangrasane pawongan. Kabeh tembang nduweni paugeran dhewe-dhewe kang digunakake kanggo ngandharake ancase dhewe-dhewe. Paugeran-paugeran lan watek kang ana ing dhuwur, bisa dideleng kanthi cetha tujuane dhewe-dhewe saka tembang-tembang kasebut.


1)        Guru Lagu

Guru lagu minangka salah sawijining paugeran saka tembang macapat. Tembang macapat kang cacahe ana 11 tembang, kabehe nduweni paugeran kang beda-beda. Salah sijine yaiku paugeran kang awujud guru lagu.
Miturut Padmosoekotjo (1953:13), guru lagu iku paugeran dhong-dhingiing swara ing wekasaning gatra-gatrane tembang. Andharan kasebut dening dening Saputra (2001:57) yen guru lagu utawa dhong-dhing gumantung marang kalungguhane larik sajrone pada sawijining pola sajak. Susantina (2010:3) nyengkuyung kaloro andharan kasebut lan ngandharake yen guru lagu yaiku dhong-dhinge swara ing wekasane gatrane tembang.
Sakehing panemu ngenani guru lagu kasebut kabehe nduweni teges kang padha. Guru lagu yaiku salah sawijining paugeran tembang macapat minangka dhong-dhinging swara ing pungkasane gatrane tembang.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - u
kang cinatur polah kang kalantur - u
tanpa tutur katula-tula katali - i
kadaluwarsa katutuh -  u
kapatuh pan dadi awon  - o
2)        Guru Gatra
Paugeran sajrone tembang macapat sawise guru lagu yaiku guru gatra. Guru gatra yaiku cacahe gatra tembang (Susantina, 2010:3). Miturut Saputra (2001:57) yen guru gatra iku gumantung marang jinise pola sajak utawa metrum. Saben-saben tembang macapat nduweni paugeran-paugeran kang beda salah sijine yaiku guru gatra. Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur               
kang cinatur polah kang kalantur            
tanpa tutur katula-tula katali                cacahe 5 gatra
kadaluwarsa katutuh               
kapatuh pan dadi awon                
3)        Guru Wilangan
Tembang macapat nduweni telung paugeran. Paugeran kasebut yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Guru lagu lan guru gatra wis diandharake ing dhuwur, banjur kang pungkasan yaiku guru wilangan.
Tembung wilangan ana gegayutane karo angka. Miturut tegese, wilangan nduweni teges etungan utawa cacah (Widada,dkk, 2011:782). Tembung guru tegese paugeran, wewaton, utawa pathokan (Padmosoekotjo, 1953:13). Yen kaloro tembung kasebut digathukake, bisa ditegesi pathokan utawa paugeran kang awujud cacah utawa etungan. Miturut Susantina (2010:3) guru wilangan yaiku cacahe wanda ing gatra-gatrane tembang. Guru wilangan gumantung saka kalungguhan utawa panggonane larik sajrone pada ing sawijining pola sajak.
Tuladha :
Gambuh
Sekar gambuh ping catur - 7
kang cinatur polah kang kalantur - 10
tanpa tutur katula-tula katali - 12
kadaluwarsa katutuh - 8
kapatuh pan dadi awon - 8

Ngono kui mau opo wae pengertiane sacara rinci pengertian tembang macapat, muga bisa nambah ilmu kita sadaya.